Sebat Mawon Si Jum
Wanita Atlit Ingkang Asring Juara
Getih atlit ingkang
mili wonten ing raganipun wanita ayu inggih ingkang kagungan asma Jumi’ati
nggadhahi prestasi-prestasi ingkang ngremenaken. Biasanipun wanita klairan
Banjarnegara, 27 November 1992 menika dipun undang Si Jum. Kathah prestasinipun
wonten ing babagan olahraga inggih Si Jum menika dados atlit mlayu. Prestasinipun Si Jum dipun pikantuk minangka tasih manggon
wonten ing bangku SMP.
Jaman SD bakatipun Si
Jum dereng ketingal menawi saged mlayu, nanging wonten SMP menika Si Jum milai
labet ketingal bakatipun. SMP Negeri 1 Banjarmangu menika papam wiwitipun Si
Jum dados juara-juara. Juara ingkang dipun pikantuk menawi tasih wonten bangku
SMP inggih menika Juara I Lompat Jauh tingkat Kabupaten, Juara II Lari 200m
tingkat Kabupaten, Juara I Lompat Jauh tingkat Provinsi minangka POPDA, Juara I
Lompat Jauh lan Juara III Lari 100m minangka PORKAB. Angsalipun Juara menika
wonten manfangatipun inggih Si Jum menika saged nglajengaken sekolah wonten SMK
kanthi mboten mbayar.
Kepenginanipun Si Jum sekolah wonten SMA kanthi bebas biyaya keturutan. Lumantar Pak Mansur minangka guru olahraganipun utawi pelatihipun atlit SMP menika Si Jum nglajengaken sekolah wonten SMK Cokroaminoto 2 Banjarnegara mboten medalaken biyaya sepeserpun. Amargi SMK Cokroaminoto 2 Banjarnegera menika salah satunggaling sekolah ingkang ngutamakaken perkawis olahraga.
Si Jum saged ketampi
wonten SMK Cokroaminoto 2 Banjarnegara amargi panjenenganipun nggadhahi kathah
sertifikat minangka juara-juara Lompat Jauh, Lari, saha juara-juara Lompat Jangkit. Mboten namung
sertifikat kemawon ingkang dados syarat menika. Nanging syaratipun Si Jum kedah
saged nerasaken prestasinipun anggenipun mlayu saha ulet anggenipun latian
mlayu supados saged pikantuk juara-juara malih ingkang ngremenaken. Lajeng
menawi SMK menika Si Jum nggih tasih ndherek lomba-lomba malih, inggih pikantuk
juara malih kadosta Juara I Lompat Jangkit lan Juara II Lompat Jauh tingkat Kabupaten, Juara II
Lompat Jangkit tingkat Provinsi.
Wanita ingkang dipun
lairaken pasangan Bapak Ibu Maryanto menika seneng sanget saged nglajengaken
sekolah ngantos dumugi SMK. Amargi menawi Si Jum mboten Juara anggenipun mlayu
menika mboten saged nglajenganken. Ingkang dadosaken Si Jum mboten saged
ngaljengaken SMK inggih menika babagan biyaya. Tiyang sepuhipun asiling makarya
menika naming cekap kangge dhahar sedinten-dinten. Bapakipun nyambut damel
buruh wonten sabinipun tiyang-tiyang (buruh tani), lajeng Ibunipun menika sadean
bubur (dhagang) wonten pasar saben enjing.
“Alhamdulillah sanget
anak kula saged nglajengaken SMK kanthi mboten mbayar” calathu Ibunipun
kepengker. Ibu Maryanto minangka tiyang sepuhipun Si Jum seneng amargi saged
sekolah tingkat inggil mboten medalaken biyaya, namung tiyang sepuhipun saben
dintenipun tasih maringi sangu kangge sekolah. Si Jum menika tergolong tiyang
ingkang narima, mboten kados siswa liya-liyane ingkang nggadhahi sangu luwih
artonipun. Si Jum menika sangunipun namung pas-pasan kangge mbayar transport,
menawi jajan menika piyambakipun artonipun saking guru atlitipun menawi
piyambakipun latian inggih dipunparingi arto sangu.
Sangu menika mboten dadosaken
Si Jum mboten mlebet sekolah. Piyambakipun sekolah ingkang wigati menika gadhah
arto kangge mbayar bis menika sampun seneng. Wiwit kelas X dumugi kelas XII
menika ulet sanget anggenipun latian mlayu. Mboten namung wonten sekolahan
anggenipun latian, ananging wonten griya inggih tasih latian. Menawi sonten
menika, kinten-kinten sakbibaripun ashar piyambakipun latian mlayu-mlayu saking
griyanipun dumugi margi cerak dusunipun. Dados Si Jum mboten namung latian
wonten sekolahan, wonten griya menika ugi latian.
Nalika SMK menika
Jumi’ati ugi gadhah kagiyatan malih sabibaripun sekolah, mboten namung latian.
Jumi’ati menika gadhah penghasilan inggih ngelesi bocah SD ingkang nyuwun dipun
ajari pelajaran matematika. Asiling ngelesi menika saged kangge sangu tambahan
anggenipun piyambakipun sekolah.
Jumi’ati menika ugi
mbiyantu tiyang sepuhipun wonten griya, inggih sakderengipun pangkat sekolah Si
Jum mbiyantu ibunipun damel bubur lajeng ndherekaken Ibunipun wonten Pasar.
Inggih mbektakaken barang-barang ingkang dipun ginakaken sadean bubur wonten
pasar enjing. Sanajan makaten mboten dadosaken Si Jum telat sekolah,
piyambakipun mlebet sekolah tetep gasik.
Keteladan saha keuletan
Si Jum menika patut kangge tuladha. Semangat anggenipun sekolah inggih saged
kangge tuladha, sanajan namung putranipun bapak-ibu ingkang saking kaluwarga
biasa ananing tetep semangat anggenipun sekolah. Semangat anggenipun latian
mlayu menika inggih ngremenaken.
Saksampunipun Si Jum
lulus sekolah SMK, piyambakipun nglamar kerja wonten Jakarta amargi mboten
saged nglajengaken sekolah malih. Asiling nyambet damel menika wonten ing PT SMT, saben asinipun
dipun kirimaken dhumateng tiyang sepuhipun. Asiling anggenipun Si Jum nyambet
damel saged mbiyantu tiyang sepuhipun saben sasinipun. Saged kangge mbiyantu
ndandosi griya tiyang sepuhipun.
Sampun setaun
anggenipun Jumi’ati nyambet damel wonten Jakarta. Si Jum mudik wonten asalipun,
mboten dangu piyambakipun dipunlamar dening Misran inggih salah satunggaling
priya ingkang dados tetangganipun. Lajeng saksampunipun dipun tampi lamaranipun
Si Jum tetep pangkat malih wonten Jakarta amargi tasih gadhah kontrak nyambet
damel. Nanging dereng telas kontrakipun Si Jum resign amargi badhe nikahan kaliyan Misran. Saksampunipun nikahan
Si Jum menika mboten nyambet damel malih, piyambakipun wonten griya kemawon
dados ibu rumah tangga.
Si Jum menika manggen
wonten Dukuh Winong, Dusun Silambur, Desa Kesenet Rt 03 Rw IV, Kecamatan
Banjarmangu, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah. Jumi’ati menika anak kaping 2
saking 3 saudara. Suyatno minangka kangmasipun lan Dika menika adikipun. Suyatno menika
yuswanipun 25 taun, piyambakipun namung sekolah dumugi SMP lajeng nyambet damel
dados rewang wonten ing toko. Penghasilan saking kangmasipun menika kangge
nyekapi kabetahan kaluwarganipun. Menawi Dika adikipun sakmenika tasih alit,
inggih tasih sekolah wonten PAUD.
Saking prestasi-prestasinipun,
kadosta Juara POPDA saha Juara POPNAS menika dadosaken Si Jum menika dipun
kenal dening kathah tiyang. Kayata wonten ing sekolahanipun inggih guru-guru
SMP, guru-guru SMK, kanca-kancanipun ugi masarakat ingkang wonten ing sakiwa
tengene inggih sami muji Jumi’ati. Amarga putra ingkang kalairaken saking
kaluwarga ingkang biasa, ingkang Bapakipun buruh tani saha Ibunipun dagang
wonten pasar menika saged sekolah ngantos dumugi SMK. Lajeng ketekunan menika
mboten namung wonten sekolahan, wonten griya inggih piyambakipun sregep
mbiyantu tiyang sepuhipun. Dados dipun tepangi dening masarakat utawi tangga
sakiwa tengenipun bilih Si Jum menika bocah ingkang nggadhahi semangat ingkang
ngremenaken.
Mboten namung
lingkunganipun Si Jum ingkang remen, nanging tiyang sepuhipun ugi remen.
Minangka Si Jum tiyang sepuhipun mboten saged nyekolahaken ngantos dumugi SMK
nanging berkat prestasinipun menika saged nglajengaken SMK kanthi mboten
mbayar. Lajeng saksampunipun lulus menikateras nyambet damel lan artnipun
wonten ingkang dipun kirimaken wonten tiyang sepuhipun. Makaten putra ingkang
dados remen tiyang sepuhipun, asiling makarya mboten namung kangge piyambak
nanging tiyang sepuhipun dipun paringi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar