Parikan wonten kalih
warni, inggih menika:
1.Parikan
ingkang dumados saking klaih gatra (parikan tunggal)
2.Parikan
ingkang dumados saking sekawan gatra (parikan rangkep)
Tuladhanipun:
a. Wedang bubuk, gula jawa
Yen
kepethuk, ati lega
b. Abang-abnag gendera
Landa, ana sing ijo kok milih putih
Bujang
meneh ora ngluyura, sing wis duwe bojo ora tau mulih
c. Ana brambang sasen lima
Berjuang
lanuh negara
d. Sepet-sepet, sawone
mentah
Diempet-empet,
selak ra betah
e. Bisa ngendhang ora bisa
nyuling
Bisa
nyawang ora wani nyandhing
g. Wajik kletik, gula
abang
Aja
suthik, yen tumandhang
h. Godhong kecipir,
mrambat kawat
Najan
gak mapir, nnaging liwat
i.
Jambu
apa jeruk
Aku
melu apa entuk
j.
Jemek-jemek
gula jawa
Aja
sok ngenyek karo kanca.
k. Kembang jagung,
dipethik Cina
Barang
wis kadhung dikapakna
l.
Manuk
emprit, menclok godhong tebu
Dadi
murid, sing sregep sinau
m. Kutha kendhal kali
wungu
Ajar
kenal karo aku
n. Manuk kutut, manggunge
ngganter
Yen
ra nurut, bisa keblinger
o. Yen kembang-kembange
kacang, dudu kembange puspa nyidra
Sih
cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa
p. Yen kembang-kembange lamptara,
dudu kembange wora-wari
Mumpung
sira isih mudha, sing tabrei ngati-ati
q. Esuk nyuling sore nyuling,
sulinge arek Surabaya
Esuk
eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
r. Awan-awan aja
keluyuran, anapak mantri numpak sekuter
Kapan-kapan
aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter
s. Esuk nembang sore
nembang, tembangane asmarandana
Esuk
ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka
t.
Nembang
mlathi, warna peni ngganda wangi
Atak
putri, kudu setiti angati-ati
u. Korek gambar klenthing
Kula
ndherek wonten wingking
v. Wedang jeruk tanpa gula
Aja
sok umuk tanpa guna
w. Wajik klethik gula jawa
Luwih
becik sing prasaja
x. Tawon madu ngisep sekar
Dadi
guru kudu sabar
y. Semarang kaline banjir
Aja
sumelang ora dipikir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar