Jumat, 31 Januari 2014

PARIKAN



Parikan wonten kalih warni, inggih menika:
1.Parikan ingkang dumados saking klaih gatra (parikan tunggal)
2.Parikan ingkang dumados saking sekawan gatra (parikan rangkep)
Tuladhanipun:

a.      Wedang bubuk, gula jawa
Yen kepethuk, ati lega
b.      Abang-abnag gendera Landa, ana sing ijo kok milih putih
Bujang meneh ora ngluyura, sing wis duwe bojo ora tau mulih
c.       Ana brambang sasen lima
Berjuang lanuh negara
d.      Sepet-sepet, sawone mentah
Diempet-empet, selak ra betah
e.       Bisa ngendhang ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora wani nyandhing
f.       Bibi surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot, mula becik ngati-ati

BEBASAN, SANEPA, SALOKA



A
Adhang-adhang tetese embun        
-    Njagakake barang mung sak oleh-olehe
Adigang, adigung, adiguna
-    Wis ora ana ajine/asor banget
Ana catur mungkur
-    Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
Ana adulate ora ana begjane
-    Arep nemu kabegjan, ning ora sida
Ana gula ana semut
-    Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
Anak polah Bapak kepradah
-    Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa
Anggenthong umos
-    Wong kang ora bisa nyimpen wewadi
Angon mangsa
-    Golek waktu kang prayogo kanggo tumindak
Angon ulat ngumbar tangan
-    Ngulatake kaanan yen limpe banjur dicolong
Arep jamure emoh watange
-    Gelem kepenake emoh rekasane
Asu rebutan balung
-    Rebutan barang kang sepele
Asu belang kalung wang
-    Wong asor nanging sugih
Asu gedhe menang kerahe
-    Wong kang dhuwur pangkate, mesthi wae luwih gedhe penguwasane
Asu marani gepuk
-    Njarag mamrani bebaya
Ati bengkong oleh oncong
-    Wong duwe niyat ala oleh dalan

B
Baladewa ilang gapite
-    Ilang kakuwatane/kaluhurane
Banyu pinerang ora bakal pedhot
-    Pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
Bathang lelaku
-    Lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Bathok bolu isi maadu
-    Wong asor nanging sugih kapinteran
Blaba wuda
-    Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman
Bebek mungsuh mliwis
-    Wong pinter mungsuh pada wong pinter

CANGKRIMAN



Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek (dibatang) utawi kedah dipunwangsuli utawi mbetahaken wangsulan. Mula cangkriman diarani uga bedhekan.
1.      Cangkriman Wancah
a.       Pak boletus                       : tepak kebo lelene satus
b.      Burnaskopen                     : bubur panas kokopen
c.       Pindhang kileng                : sapi nang kandhang, sikil mentheleng

2.      Cangkriman Pepindhan

a.       Pitik wlaik saba kebon (nanas)
b.      Urang sepikul matane pira? (ana 6= urang, sapi, kul)
c.       Sega sekepel dirubung tinggi, apa? (salak)
d.      Ora mudhun-mudhun yen ora nggwa mrica sakanthong (kates)
e.       Emboke dielus-elus anake diidak-idak. (andha)
f.       Gajah nguntal sangkrah. (pawon)

Ngenalaken Corak Batik Gumelem, Banjarnegara




 Dhateng wonten ing Banjarnegara, Jawa Tengah mboten jangkep menawi mboten ningali kerajinan ingkang wonten ing salebeting kabupaten menika. Wonten ing kabupaten menika wonten kerajinan ingkang dipungadhahi inggih menika kerajinan bathik serat. Kerajinan bathik menika mapan wonten ing Desa Gumelem, Kecamatan Susukan, Kabupaten Banjarnegara. Wonten ing desa menika inggih kathah ingkang damel bathik utawi dipunsebat kempalan usada ingkang alit saha ageng.
Asiling kerajinan bathik serat Banjarnegara (Batik Gumelem) menika nggadhahi titikan ingkang beda kalihan bathik ingkang dipunpasaraken wonten ing pasaran. Kadosta wonten ing tlatah Jawi, bathik serat asring dipunpanggihi saking Yogyakarta, Solo, Pekalongan saha dhaerah ingkang sampun dipuntepangi kathah tiyang. Bathik serat Gumelem menika nggadhahi corak ingkang khas arupa udan riris saha rujak senthe ingkang dipundamle mawi turun-temurun dening pengrajin bathik. Sanesipun menika, bathik Gumelem menika anggadhahi khas ugi inggih werna sogan (soklat), cemeng, saha jening sarta anggadhahi motif sekar-sekar, kawung, saha parang.