A
Adhang-adhang
tetese embun
- Njagakake
barang mung sak oleh-olehe
Adigang,
adigung, adiguna
- Wis
ora ana ajine/asor banget
Ana
catur mungkur
- Ora
gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
Ana
adulate ora ana begjane
- Arep
nemu kabegjan, ning ora sida
Ana
gula ana semut
- Panggonan
sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
Anak
polah Bapak kepradah
- Tingkah
polahe anak dadi tanggungane wong tuwa
Anggenthong
umos
- Wong
kang ora bisa nyimpen wewadi
Angon
mangsa
- Golek
waktu kang prayogo kanggo tumindak
Angon
ulat ngumbar tangan
- Ngulatake
kaanan yen limpe banjur dicolong
Arep
jamure emoh watange
- Gelem
kepenake emoh rekasane
Asu
rebutan balung
- Rebutan
barang kang sepele
Asu
belang kalung wang
- Wong
asor nanging sugih
Asu
gedhe menang kerahe
- Wong
kang dhuwur pangkate, mesthi wae luwih gedhe penguwasane
Asu
marani gepuk
- Njarag
mamrani bebaya
Ati
bengkong oleh oncong
- Wong
duwe niyat ala oleh dalan
B
Baladewa
ilang gapite
- Ilang
kakuwatane/kaluhurane
Banyu
pinerang ora bakal pedhot
- Pasulayane
sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
Bathang
lelaku
- Lunga
ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Bathok
bolu isi maadu
- Wong
asor nanging sugih kapinteran
Blaba
wuda
- Saking
lomane nganti awake dhewe ora keduman
Bebek
mungsuh mliwis
- Wong
pinter mungsuh pada wong pinter
- Becik
lan ala bakal ketara ing tembe mburine
Belo
melu seton (malem minggu)
- Manut
grubyuk ora ngerti karepe
Beras
wutah arang bali menyang takere
- Barang
kang wis owah ora bakal bali kaya maune
Baladewa
ilang gapite
- Ilang
kakuwatane/kaluhurane
Bidhung
api rowang
- Ethok-ethok
nulung tapi sejatine arep ngrusuhi
Blilu
tau pinter during nglakoni
- Wong
bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter tinimbang wong pinter nanging
during tau nglakoni
Bubuk
oleh leng
- Wong
duwe niyat ala oleh dalan
Bung
pring petung
- Bocah
kang longgor (gelis gedhe)
Buntel
kadut, ora kinang ora udud
- Wong
nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud/rokok
Buru
uceng kelangan dheleg
- Mburu
barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
Busuk
ketekuk, pinter keblinger
- Sing
bodho lan sig pinter padha nemu cilaka
C
Carang
canthel
- Ora
diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
Car-cor
kaya kurang janganan
- Ngomong
ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
Cathok
gawel
- Seneng
cawe-cawe mesti ora diajak guneman
Cebol
nggayuh lintang
- Kekarepan
kang mokal bakal kelakon
Cecak
nguntal cagak
- Gegayuhan
kang ora imbnag kekuatane
Cedhak
celeng boloten
- Cedhak
karo wong ala nakal katut ala
Cedhak
kebo gupak
- Cedhak
karo wong ala nakal katut ala
Ciri
wanci lila ginawa mati
- Pakulinan
ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
Cincing-cincing
meksa klebus
- Karepe
ngirt malah enteke akeh
Criwis
cawis
- Seneng
maido yo seneng menehi/muruki
Cuplak
andheng-andheng, yen ora pernah penggonane bakal disingkirake
- Wong
kang njalari ala becike disingkirake
D
Dadiya
bnayu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut
- Wis
ora gelem nyanak/ sapa aruh
Dahwen
ati open
- Nacad
nganging mbenerake wong liya
Dandang
diunekake kuntul, kuntul diunekake dandang
- Ala
diunekake becik, becik diunekake ala
Desa
mawa cara, Negara mawa tata
- Saben
panggonan duwe cara utawi adhat dhewe-dhewe
Dhemit
ora ndulit, setan ora doyan
- Tansah
diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Digarokake
dilukoke
- Dikongkon
nyambut gawe abot
Didhadhunga
medhot, dipalangana mlumpat
- Wong
kang kenceng akrepe, ora kena dipenggak maneh
Diwenehi
ati ngrogoh rempela
- Wis
diwenehi sethitik, malah njaluk akeh
Dom
sumuruping banyu
- Laku
sesidheman kanggo meruhi wewadi
Dudu
sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
- Senajan
wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani
Duka
yayahaa sanipi, jaja bang mangiwa-ngiwa
- Wong
kang nesu banget
Dudutan
lan anculan
- Padha
kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti
During
ilang pupak lempuyange
- Wong
kang dianggap bocah cilik during ngerti apa-apa
During
pecus keselak besus
- Durung
sembada nanging kepengin sing ora-ora
E
Eman-eman
ora keduman
- Karepe
eman malah awake dhewe keduman
Emban
cindhe emban siladan
- Pilih
kasih ora adil
Embat-embat
celarat
- Wong
nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
Emprit
abuntut bedhug
- Perkara
sing maune sepele dadi gedhe
Endhas
gundhul dikepeti
- Wis
kepenak ditambahi kepenak meneh
Endhas
pethak ketiban empyak
- Wong
kang bola bali nemu cilaka
Enggon
welut didoli udhet
- Panggonane
wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
Entek
agamek kurang golek
- Olehe
nguneni/nyeneni sakatoge
Entek
jarake
- Wis
entek kasugihane
Esuk
dhele sore tempe
- Wong
kang ora tetep atine/mencla-mencle
G
Gagak
nganggo lare merak
- Wong
asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (gedhe)
Gajah
alingan suket teki
- Lair
lan batine ora padha, mesti bakal ketara
Gajah
elar
- Sarwa
gedhe lan dhuwur kekarepane
Gajah
ngidak rapah
- Nrajang
wewalere dhewe
Gajah
perang karo gajah, kancil mati ing tengah
- Wong
gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban
Garang
garing
- Wong
semugih nanging sejatine kekurangan
Gawe
luwangan nggo ngurungi wangan luwangan
- Golek
utangan kanggo nyauri utangan sik dhisik
Gayuk-gayuk
tuna, nggayuh-nggayuh luput
- Samubarang
kang dikarepake ora bisa keturutan
Gliyak-gliyak
tumindak, sareh-sareh pakoleh
- Sanajan
alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksana kekarepane
Golek
banyu bening
- Meguru
golek kawruh sing becik
Golek-golek
ketemu wong luru-luru
- Karepe
arep golek utangan malah diutangi (dijaluki utang)
Gupak
pulute ora mangan nangkane
- Melu
rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
I
Idu
didilat meneh
- Murungake
janji sing wis diucapake
Iwak
lumebu wuwo
- Wong
kena apus kanthi gampang
J
Jagakake
endhoge si blorok
- Njagakake
barang kang durung mesti anal an orane
Jajah
desa milang kori
- Lelungan
menyang endi-endi
Jalma
angkara mati murka
- Nemoni
cilaka jalaran angkara murkane
Jalukan
ora wewehan
- Seneng
njaluk ora gelem menehi
Jati
ketlusupan ruyung
- Kumpulanae
wong becik klebon wong ala
Jaran
kerubuhan empyak
- Wong
wis kanji (kapok) banget
Jarit
lawas ing sampiran
- Duwe
kepinteran nanging ora digunakake
Jer
basuki mawa bea
- Samubarang
gegayuhan mbutuhake wragat
Jojol
muwul
- Prakara
kang nambah-nambahi rekasa
Junjung
ngentebake
- Ngalembana
nanging duwe niyat ngasorake
K
Kacang
ora ninggal lanjaran
- Kabiyasane
anak niru wong tuwane
Kadang
konang
- Gelem
ngakoni sedulur mung karo sing sugih
Kalah
cacak menang cacak
- Samubarang
pegaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
Kandhang
langit, bantal ombak, kemul mega
- Wong
sing ora duwe papan panggonan
Katepang
ngrangsang gunung
- Kagedhen
karep/panjangka mokal bisa kelakon
Katon
kaya cempaka sewakul
- Tansah
disenengi wong akeh
Kaya
banyu karo lenga
- Wong
kang ora bisa rukun
Kakehen
gludhug kurang udan
- Akeh
omonge ora ana nyatane
Kebanjiran
segara madu
- Nemu
kabegjan kang gedhe banget
Kebat
kliwat, gancang pincang
- Tumindak
kesusu mesthi ora kebeneran
Kebo
bule mati setra
- Wong
pinter ning ora ana sing merlokake
Kebo
ilang tombok kandhang
- Wis
kelangan ngetokake waragt maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan
Kebo
kabotan sungu
- Rekasa
merga kakehan anak
Kebo
lumumpat ing palang
- Ngadili
prakara ora nganggo waton
Kebo
mulih menyang kandhange
- Wong
lunga adoh bali menyang omahe meneh
Kebo
nusu gudel
- Wong
tuwa njaluk wuruk wong enom
Kegedhen
empyak kurang cagak
- Kegedhen
kekarepan nanging kurang sembada
Kajugrugan
gunung menyan
- Oleh
kabegjan kang gedhe banget
Kekudhungan
walulang macan
- Ngapusi
nggawe jenenge wong kang diwedeni
Kelacak
kepathak
- Ora
bisa mungkir, jalaran wis kabukten
Kena
iwake aja nganti butheg banyune
- Sing
dikarepake kelakon ning aja nganti gawe rusak.rame
Kencana
katon wingka
- Senajan
apik nanging ora disenengi
Kendel
ngringkel, dhadhag ora godak
- Ngakune
kendel lan pinter jebule jirih tur bodho
Keplok
ora tombok
- Wong
senengane maido thok, ora gelem melu cawe-cawe
Kere
munggah bale
- Batur
dipek bojo karo bendarane
Kere
nemoni malem
- Wong
kang bedhigasan/serakah
Kerot
ora duwe untu
- Duwe
kekarepan nin ora duwe bandha/wragat
Kerubuhan
gunung
- Wong
nemoni kesusahan sing gedhe banget
Kasandhung
ing rata, kebentus ing tawang
- Oleh
cilaka sing ora dinyana-nyana
Ketula-tula
ketali
- Wong
kang tansah nandang sengsara
Kethek
saranggon
- Kumpulane
wong kang tindak ala
Kleyang
kabur kanginan, ora sanak ora kadang
- Wong
sing ora duwe panggonan utawi oamh sing tetep
Klenthing
wadhah masin
- Angel
ninggalake pakulinan tumindak ala
Kongsi
jambul wanen
- Nganti
tumekan tuwa banget
Krokot
ing galeng
- Wong
kang mlarat banget
Kriwikan
dadi grojogan
- Prakara
kang maune cilik dadi gedhe
Kumentus
ora pecus
- Seneng
umuk nanging ora sembada
Kurung
munggah lumbung
- Wong
asor/cilik didadekake wong gedhe
Kuthuk
nggendhong kemiri
- Manganggo
kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani
Kuthuk
marani sunduk/ula marani gepuk
- Njarag
marani bebaya
Kuncung
nganti temekan gelung
- Suwe
banget anggone ngenteni
L
Landak
kecangklak
- Wong
kang angkuh nemoni apkewuh marga tumindake dhewe
Lahang
karoban manis
- Rupane
bagus/ayu tur luhur bebudene
Lambe
setumang kari semerang
- Dituturi
bola-bali meksa ora digugu
Lanang
kemangi
- Wong
lanang kang jireh
Legan
golek momongan
- Wis
kepenak malah golek rekasa
Lumpuh
gideri jagad
- Duwe
kekarepan kang mokal keturutan
M
Maju
tatu mundur ajur
- Prakara
kang sarwa pakewuh
Matang
tuna numbak luput
- Tansah
luput kabeh panggayuhane
Mbuang
tilas
- Ethok-ethok
ora ngerti marang tumindake kang ala sing lagi dilakoni
Menang
widara uleran
- Katone
anteng nanging sejatine ala atine
Menthung
koja kena sembagine
- Rumangsane
ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
Merangi
tatal
- Mentahi
rembug kang wis mateng
Mikul
dhuwur mendhem jero
- Bisa
njunjung derajate wong tuwa
Milih-milih
tebu oleh boleng
- Kakehan
milih, wekasan oleh kang ora becik
Mrojol
selaning garu
- Wong
kang luput saka bebaya
Mubra-mubru
mblabar madu
- Wong
sing sarwa kecukupan
N
Nabok
nyilih tangan
- Tumindak
ala kanthi kongkonan wong liya
Ngagar
metu kawul
- Ngojok-ngojoki
supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
Ngajari
bebek ngalangi
- Penggaweyan
sing ora ana paedahe
Ngalasake
negara
- Wong
sing ora manut pranatane negara
Ngalem
legining gula
- Ngalembana
kapinterane wong kang pancen pinter/sugih
Ngaturake
kidang lumayu
- Nindakake
pegaweyan kang wis tumata
Ngontrogake
gunung
- Wong
cilik asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe kagete wong akeh
Nguthik-uthik
macan dhedhe
- Njarag
wong kang wis lilih nepsune
Nguyahi
segara
- Weweh
marang wong sugih kang ora ana pituwasane
Nucuk
ngiberake
- Nggoleki
barang sepele sing wis ilang
Nyangoni
kawula minggat
- Ndandani
barang kang tansah rusak
Nyolong
pethek
- Tansah
mleset saka pametheke/pambatange
O
Obah
ngarep kobet mburi
- Tumindake
panggedhe dadi tuladhane/panutane kawula alit
Opor
bebek, mentas awake dhwek
- Rampung
saka rekadayane dhewe
Ora
ana banyu mili mendhuwur
- Ora
ana akibat tanpa sebab
Ora
gonjo ora unus
- Wong
kang rupane uga atine
Ora
mambu enthong irus
- Dudu
danak dudu kadang
Ora
tembung ora tawun
- Njupuk
barange liyan tanpa kandha dhisik
Ora
uwur ora sembur
- Ora
gelem cawe-cawe babar pisan
Ora
kinang ora udud
- Ora
mangan apa-apa
Othak-athik
didudut angel
- Guneme
sajak kepenak, bareng ditemeni jebul angel
P
Palang
mangan tandur
- Diwenehi
kapercayan nangin malah gawe kapitunan
Pandengan
karo srengenge
- Memungsuhan
karo panguwasa
Pandhitane
antake
- Laire
katone suci batine ala
Pecruk
tunggu bara
- Dipasrahi
barang kang dadi kesenengane
Pitik
trondhol diumbar ing padaringan
- Wong
ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki
Pupur
sadurunge benjut
- Ngati-ati
sadurunge cilaka
R
Rampek-rampek
kethek
- Nyedhak-nyedhak
mung arep gawe kapitunan
Rawe-rawe
rantas, malang malang putung
- Samubarang
kang ngalang-ngalangi bakal disingkirake
Rebut
balung tanpa isi
- Pasulayan
merga barang kang sepele
Rindik
asu digitik
- Dikongkon
nindakake penggaweyan kang cocok karo kekarepane
Rupa
nggendhong rega
- Marga
barange apik mula regane ya larang
Rukun
agawe santosa, crah agawe bubrah
- Yen
padha rukun mesti padha sentosa, yen padha congkrah mesti bakal bubrah/rusak
S
Sabar
sareh mesti bakal pikoleh
- Tumindak
samubarang aja kesusu
Sabaya
pati, sabaya mukti
- Kerukunan
kang nganti tekan pati
Sadumuk
bathuk, sanyari bumi
- Pasulayan
nganti dilabuhi tekan pati
Sandhing
kebo gupak
- Cedhak
wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
Satru
mungging cangklakan
- Mungsuh
wong kang isih sanak sadulur
Sadhakep
awe-awe
- Wis
ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni meneh
Sembur-sembur
adus, siram-siram bayem
- Bisa
kaleksanan marga oleh pandongane wong akeh
Sepi
ing pamrih, rame ing gawe
- Nindakake
pegaweyan kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
Sing
sapa salah bakal saleh
- Sapa
sing salah bakal konangan
Sluman
slumun slamet
- Senajan
kurang ngati-ati, nanging isih diparingi slamet
Sumur
lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh
- Wong
kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni
T
Tebu
tuwuh socane
- Prakara
kang wis apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi
Tega
larane ora tega patine
- Senajan
negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan
Tekek
maati ing ulone
- Nemoni
cilaka marga saka guneme dhewe
Tembang
rawat-rawat, ujare mbok bakul sinambiwara
- Kabar
kang dhurung mesthi salah lan benere
Timun
jinara
- Prakara
gampang banget
Timun
mungsuh duren
- Wong
cilik mungsuh panguwasa, mesthi kalahe
Timun
wungkuk jaga imbuh
- Wong
bodho kanggone mung yen kkeurangan bae
Tinggal
glanggang colong payu
- Ninggalake
papan pasulayan
Tulung
menthung
- Katone
nulungi, jebul malah ngrusuhi
Tumbak
cucukan
- Wong
sing seneng adu-adu
Tuna
sathak bathi sanak
- Rugi
bandha, nanging bathi paseduluran
Tunggak
jarak mrajak, tunggak jati mati
- Prakara
ala ngambra-ambra, prakara becik kari sithik
U
Ucul
saka kudangan
- Luput
karo gegayuhane
Ulat
madhep ati manteb
- Wis
manteb benget kekarepane
Undaking
pawarta, sudaning kiriman
- Biasane
pawarta iku beda karo kasunyatane
Ungak-ungak
pager arang
- Ngisin-isine
W
Welas
tanpa talis
- Karepe
welas nanging malah gawe kapitunan
Wis
kebak sundukane
- Wis
akeh banget kaluputane
Wiwit
kuncung nganti kelung
- Wiwit
cilik nganti gedhe/tuwa
Y
Yitna
yuwana mati lena
- Sing
ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
Yiyidan
mungging rampadan
- Biyene
wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim
Yoga
anyangga yogi
- Murid
nirokake piwulange guru
Yuwana
mati lena
- Wong
becik oleh cilaka, marga kurang ati-ati
Yuyu
rumpung mbarong ronge
- Omahe
magrong-magrong nanging sejatine mlarat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar