Farmasi CUP
inggih menika adicara tetandhingan olahraga taunan ingkang dipunadani dening
Fakultas Farmasi UGM saha dipunsengkuyung dening fakultas-fakultas kesehatan
saking warni-warni Universitas wonten ing Daerah Istimewa Yogyakarta saha Jawa
Tengah. Adicara menika dipunadani kanthi ancas kangge njalin silaturahmi saking
fakultas-fakultas kesehatan saha ugi kangge njagi kebugaran.
Farmasi CUP
menika dipunadani wiwit taun 2011 wonten ing Gelanggang Mahasiswa UGM. Taun
salajengipun inggih taun 2012 menika
Farmasi CUP dipunadani wonten ing GOR Kridasana. Cabang olahraga ingkang
dipunwontenaken inggih menika basket putra, basket putri, fultsal putra saha
futsal putri. Sistem pertandingan wonten ing adicara olahraga menika inggih
sistem CUP. Sistem CUP inggih menika gabungan saking sistem poin, wonten ing
babag penyisihanipun kanthi grup saha sistem gugur wonten ing babak
salajengipun ngantos dumugi babak final.
Farmasi CUP 2012
menika tasih wonten perkawis, kadosta cacahipun tim ingkang mboten jangkep
kuotanipun, supporter ingkang namung dipundominasi kaliyan
tuan rumah, saha fasilitas ingkang kirang. Dipunkajengaken bilih Farmasi CUP
salajengipun menika cacahipun tim ingkang nderek tanding menika langkung kathah
saha superter kangge ngregengaken adicara menika.
Wonten ing
penyelenggaran Farmasi CUP 2013 menika ngalami ewah-ewahan, inggih menika beda perluasan regional kompetisi saking
regional DIY-Jateng menika dados Jawa-Bali. Wonten ing taun ketiga menika,
tetandhingan badhe dipunadani wonten ing GOR Amongraga.
Sanesipun menika ugi badhe
dipunwontenaken closing ceremony wonten ing GOR UNY ingkang dipunregengaken
kaliyan konser musik.
Panitia Farmasi
CUP, Grimaldi Juuniku Lestari ngendika bilih awit sampun pungkasipun final
menika, Farmasi CUP saestu pungkas. Kados ingkang sampun dipunrencanakaken puncaking panutupan
kejuaraan menika sampun dipungelar wonten ing GOR UNY Sabtu, 14 Desember 2017
kanthi bintang tamu menika Sheila on 7, The Finest Tree, The Kndang lan
sasanesipun. Dene tiket mlebet
menawi ningali konser menika inggih Rp. 15.000,- minangka festival, Rp. 35.000,- minangka tribun
saha Rp.55.000,- minnagka VIP.
Adicara closing ceremony menika
ingkang dipunadani wonten GOR UNY menika wiwit tabuh 16.00 WIB dumugi tabuh
24.00 WIB.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar