Jumat, 31 Januari 2014

KPU Banjarnegara Nyoret 1.094 Daptar Pamilih Ajeg



Komisi Pemilihan Umum Kabupaten Banjarnegara, nyoret 1.094 nama pamilih amargi mboten jangkep saratipun sewatara sampurnaning daptar pamilih ajeg. Gugus Risdaryanto minangka Pangarsa KPU Banjarnegara, dinten Senen (20/10/2014) ngandharaken bilih saksampunipun dipunlampahi anggenipun nyoret pamilih ingkang mboten jangkep saratipun, saged dipunpendhet dudutan bilih cacahipun pamilih ingkang ajeng menika inggih 755.202 pamilih.
Cacahipun pamilih kanthi rinci inggih menika, cacahipun pamilih ingkang estri inggih wonten 374.203 tiyang saha pamilih ingkang kakung cacahipun 380.999 tiyang. Gugus minangka Pangarsa KPU Banjarnegara ngandharaken bilih Nama ingkang dipuncoret menika amargi sampun tilar donya saha kacatet mboten namung setunggal, inggih wonten ingkang kacatet wonten ing provinsi sanes saha ugi wonten ingkang kacatet wonten ing kecamatan sanes, nanging cacahipun menika mboten sakedhik.
Miturut Gugus, sawetara anggenipun nyamaptakaken daptar pamilih ajeg, panjenenganipun menika ngawontenaken ancang-ancang kanthi nyuwun PPS saha PPK kangge ngrembag babagan pamilih ingkang mboten namung satunggal (ganda). “Asiling sampurnaning daptar pamilih ajeg menika sampun dipunparingaken dhateng partai politik saha Panwaslu” andharanipun Gugus.  Nglajengaken bilih sampun dipunlampahi anggenipun nyoret minangka 1.094 pamilih ingkang saratipun mboten jangkep, ananging tasih dipunlampahi anggenipun nyamaptakaken daptar pamilih ajeg dumugi 25 Maret 2014 kanthi ngecek daptar pamilih ajeg kanthi rutin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar