Jumat, 31 Januari 2014

Malem Pentas Akhir Kepengurusan HIMA  Jawa UNY 
Mentasaken Kethoprak 
“Titi Kala Mangsa ing Bumi Loka”


 
Malem pentas akhir kepengurusan HIMA (Himpunan Mahasiswa) Jawi UNY menika dipunadani malem Jum’at Kliwon, 22 November 2013. Dene adicara menika dipunsengkuyung dening mahasiswa jurusan Pendidikan Bahasa Daerah taun angkatan 2011, taun angkatan 2012, saha taun angkatan 2013.
Malem pentas akhir kepengurusan HIMA Jawi menika kathah adicaranipun ingkang dipunpentasakaen wonten ing dalu menika, kadosta wonten uyon-uyon saking mahasiswa basa Jawi taun angkatan 2013, pasugatan Beksan Guyuping Para Mudha, pasugatan saking Gamelan Modern HIMA Jawa (Gandewa), saha wonten pasugatan kethoprak kanthi irah-irahan “Titi Kala Mangsa ing Bumi Loka”, saha wonten pambagian bebungah saha doorprice.
Kethoprak kanthi irah-irahan “Titi Kala Mangsa ing Bumi Loka” menika kathah ngundang mahasiswa UNY, becik wonten ing tlatah kampus FBS saha mahasiswa saking Fakultas sanesipun, amargi anggenipun badhe ningali wonten ing adicara menika namung cekap mbayar Rp. 2000,00 mawon.
Lajeng kethoprak kanthi irah-irahan “Titi Kala Mangsa ing Bumi Loka” menika cariyosipun damel greget (penasaran) inggih nyariosaken bilih wonten ing Bumi Loka, ingkang gemah ripah loh jinawi nalika jumenengipun Prabu Narapati.
 Ananging sedaya dados bebentu ingkang ageng nalika Prabu Narapati seda dening Satru Sekti, saha Satru Sekti utawi Prabangkara saha para tumenggungipun lajeng jumeneng nata wonten ing Bumi Loka. Garwanipun dalem Prabu Narapati, inggih Kanjeng Ratu Sasi dipundadosaken sisihanipun  Prabangkara. Para masarakat sami sengsara, lajeng nyuwun adiling para nayaka ingkang jumeneng.
Wonten ing pagelaran utawi malem pentas akhir kepengurusan HIMA Jawi menika ugi dipunrawuhi dening Dr. Kun setyaning Astuti, M.Pd minangka Wakil Dekan III FBS UNY.
Ibu Kun nalika paring sambutan menika ngendika bilih piyambakipun menika remen kaliyan pagelaran makaten, dados piyambakipun menika ngendika langkung remen mriksani pagelaran kangge ngisi wekdal menawi saweg mboten menapa-napa. Sanesipun menika inggih wonten atur pambagyaharja saking Bapak Hardiyanto minangka salah satunggaling dosen basa Jawi ingkang kapatah mbikak adicara wonten ing dalu menika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar