Jumat, 31 Januari 2014

Ngenalaken Corak Batik Gumelem, Banjarnegara




 Dhateng wonten ing Banjarnegara, Jawa Tengah mboten jangkep menawi mboten ningali kerajinan ingkang wonten ing salebeting kabupaten menika. Wonten ing kabupaten menika wonten kerajinan ingkang dipungadhahi inggih menika kerajinan bathik serat. Kerajinan bathik menika mapan wonten ing Desa Gumelem, Kecamatan Susukan, Kabupaten Banjarnegara. Wonten ing desa menika inggih kathah ingkang damel bathik utawi dipunsebat kempalan usada ingkang alit saha ageng.
Asiling kerajinan bathik serat Banjarnegara (Batik Gumelem) menika nggadhahi titikan ingkang beda kalihan bathik ingkang dipunpasaraken wonten ing pasaran. Kadosta wonten ing tlatah Jawi, bathik serat asring dipunpanggihi saking Yogyakarta, Solo, Pekalongan saha dhaerah ingkang sampun dipuntepangi kathah tiyang. Bathik serat Gumelem menika nggadhahi corak ingkang khas arupa udan riris saha rujak senthe ingkang dipundamle mawi turun-temurun dening pengrajin bathik. Sanesipun menika, bathik Gumelem menika anggadhahi khas ugi inggih werna sogan (soklat), cemeng, saha jening sarta anggadhahi motif sekar-sekar, kawung, saha parang.


Pangarsa Desa Gumelem Wetan, Budi Sulistyo ngandharaken bilih produk bathik serat Gumelem tahan utawi awet inggih kados dene ingkang dipunkajengaken dening ingkang kersa. Wonten ing pangrembakanipun, bathik serat Gumelem menika sampun dipunmanfangataken kangge nyekapi kabetahan lokal, kadosta wonten ing pemerintah dhaerah (Banjarnegara) dipuncaosi supados ngagem bathik serat wonten ing dinten ingkang sampun dipuntemtokaken. Menika inggih salah satunggaling kebijakan utawi usada kangge memasarakataken panganggening asiling kerajinan lokal saha kangge nglestantunaken.
Kangge pikantuk bathik serat Gumelem menika mboten ewed. Panjengengan saged dhateng wonten ing papan salebeting Kota Banjarnegara. Mbok bilih badhe dhateng wonten ing Desa Gumelem menika ugi saged, wonten ing mriko sampun ketingal sertan “Sentra Pengrajin Batik Tulis Gumelem”. Sentra bathik Gumelem menika papanipun inggih wonten ing Dukuh Dagaran saha Karangpace (Gumelem Wetan) saha Dukuh Kedatan, Beji, Kauman (Gumelem Kulon).
Regi bathik menika mboten awis, inggih saged dipunsebat mirah bilih dipunbandhingaken kalihan bathik ingkang asalipun saking Yogyakarta, Solo saha Pekalongan. Setunggal lembar bahan ingkang ukuranipun panjang 240 cm saha lebar 105 cm menika namung Rp. 80.000, lajeng ingkang ukuranipun panjang 275 cm saha lebar 105 cm menika reginipun Rp. 100.000- Rp.300.000.  menawi bahan klambi menika dipunsade Rp. 75.000 saha taplak Rp.40.000.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar