Bali Classic Center Nyuguhaken
Warisan Budaya Masarakat Bali
Bali Classic Center papanipun inggih
wonten ing kawasan Universitas Udayana, Gianyar. Pembangunan Bali Classic Center ingkang dipun rintis wiwit taun
2001, sampun labet dipun uji cobi wiwit
Maret 2005, ananging dipun bikak kangge resmi menika 23 Juli 2005. Bali Classic
Center menika jembaripun inggih gangsal hektar. Papan menika sampun dados taman
budaya kangge mbiyantu pemerintah
Bali nepangaken saha promosi budaya
Bali kangge tiyang Indonesia, dunia, saha masarakat Bali piyambak. Menawi badhe
ngunjungi papan menika namung nempuh dalan 45 menit saking Denpasar.
Bali Classic Center menika maringi gambaran kauripan saha
kabudayan sabenditenipun masarakat bali. Wonten mriko dipun suguhaken cara
ndamelipun utawi ngrangkai janur (banten), cara saha nyobi anggenipun damel
sesajen, ngracik bumbu-bumbu masakan Bali, ugi saged ningali cara anggenipun
numbuk padi ngagem alat tradisional “lesung” saha cara anggenipun damel minyak
klapa Bali, cara anggenipun damel ogoh-ogoh. Bali Classic Center inggih wonten mawerni-werni jinis tarian bali
ingkang saged dipun pirsani, inggih menika tari topeng, tari barong, joged
bumbung, foto kaliyan barongan ugi saged.
Wonten ing nginggil menika inggih
foto barongan, ogoh-ogoh, gamelan, lajeng foto tiyang ingkang saweg marut
inggih badhe damel lenga saking klapa Bali, wonten tiyang ingkang saweg
ngrangkai janur inggih ingkang dipunsebat banten, lajeng ingkang pungkasan
inggih tiyang numbuk pari kanthi tradisional ngangge pranti “Lesung” ingkang
dipun tumbuki “Luwu” saha proses numbuk pari menika wonten ing Bali sakmenika
sampun mboten wonten, amarga sampun ngginakaken teknologi nyosoh beras.
Dados papan wisata Bali Classic
Center menika saged dados papan wisata
ingkang nyediakaken warisan seni budaya, inggih ngandhut tradisi
kauripan masarakat ingkang sakmenika sampun dipun tinggalaken. Lajeng sedaya kauripan
tradisional masarakat Bali badhe dipun peragakaken saben dintenipun wonten ing
Bali Classic Center, inggih kados maneka warna jinis kesenian.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar