Cangkriman yaiku
unen-unen sing kudu dibedhek (dibatang) utawi kedah dipunwangsuli utawi
mbetahaken wangsulan. Mula cangkriman diarani uga bedhekan.
1.
Cangkriman
Wancah
a. Pak
boletus : tepak kebo lelene satus
b. Burnaskopen :
bubur panas kokopen
c. Pindhang
kileng :
sapi nang kandhang, sikil mentheleng
2.
Cangkriman
Pepindhan
a. Pitik
wlaik saba kebon (nanas)
b. Urang
sepikul matane pira? (ana 6= urang, sapi, kul)
c. Sega
sekepel dirubung tinggi, apa? (salak)
d. Ora
mudhun-mudhun yen ora nggwa mrica sakanthong (kates)
e. Emboke
dielus-elus anake diidak-idak. (andha)
g. Ing
dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran. (ngundhuh krambil)
h. Kebo
bule cancan merang. (buntil)
i.
Disuguh opak angin.
(ora disuguhi apa-apa)
j.
Anake gelungan ibune
ngrembayang. (pakis)
k. Wis
gedhe kok ngguyu tawa. (nangis)
l. Yen ibune siji anake
loro, yen anake siji ibune oloro, yen ibune telu ora duwe anak. (salak)
m. Lawa
lima, kalong telu dadi pira? (wolu)
n. Dikethok
malah dhuwur. (celana)
o. Ngarep
ireng, mburi ireng sing tengah methentheng (wong mikul areng)
p. Ana
gajah numpak becak, ketok apane? (ketok mbujuke)
q. Yen
cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. (geni)
r.
Ana tulisan Arab.
Macane saka ngendi? (saka alas)
s. Pak
demang klambi abang, nek didudul gondhal-gandhul, nek disuduk manthuk-manthuk.
(ontong/ kembang gedhang)
t.
Lampu apa nek dipecah
metu uwonge? (lampu toko sing lagi ditutup)
3.
Cangkriman
Wujud Tembang
POCUNG
a. Bapak
pocung
renteng-renteng
kaya kalung
dawa
kaya ula
sing
disaba
si
pucung mung turut kutha (sepur)
b. Bapak
pocung
dudu
watu dudu gunung
sangkamu
ing Plembang
ngon-ingone
Sang Bupati
yen
lumampah
si
pocung lembehan grana (gajah)
c. Bapak
pocung
amung sirah lawan gembung
padha
dikunjara
mati
sajroning ngaurip
mijil
baka
si
pocung dadi dahana (penthol korek)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar