Bahan :
Tepung terigu 500 g,
tepung pathi 100 gr, tigan 4 butir, gendhis pasir 500gr, mises safari 2 , pisang
kepok (1 kepok ageng), margarine, lenga saha toya.
Cara damelipun
1. Damel Kulit Lumpia
- tepung terigu, tepung
pathi, tigan dipuncampur dados setunggal dipunlebetaken wonten ing baskom saha dipuncampur kaliyan toya lajeng dipunmixer ngantos adonanipun ngembang.
- sampunipun adonan dados,
dipunsamaptakaken wajanipun (teflon) kangge nggoreng kulit lumpia. Dipunolesaken margarine wonten ing teflon lajeng dipunlebetaken adonan sekedhik-sekedhik wonten ing teflon. Api alit-alit kemawon. sampun dados kulit lumpianipun.
- sasampunipun kulit lumpia dados sedanten, kulit lumpia dipunisi kaliyan pisang, gula pasir, saha mises.
2. Kulit lumpia ingkang sampun dados dipunparingi pisang, gendhis pasir saha mises lajeng
dipungulung.
3. Ampun kesupen pucukipun lumpia dipunlipet, supados menawi dipungoreng menika wosipun mboten medal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar