Surya Yudha Sport Center Ing Dina Liburan Rame
Wisatawan
Minggu, 30 September 2013, mapan
wonten ing Surya Yudha Sport Center papan menika ketingal rame sanget. Inggih kathah lare-lare ingkang sami liburan
wonten mriku. Lare-lare kathah ingkang nyengkuyung wonten papan wisata menika
inggih amargi wonten ing papan menika kathah wisata mboten namung wisata banyu
kemawon, ananging wonten ing salebeting Surya Yudha Sport Center wonten papan kangge olahraga inggih Futsal, Volley Indoor, Volley Ourdoor,
Tennis, Tenis Meja, Badminton, Billyard, Golf. Lajeng menawi Wark Parkipun wonten Water Boom, Kolam Tsunami, Kolam Arus,
Terapi Ikan, Arum Jeram, Outbound, Flying Fox, Amazing Land. Menika ingkang
ndadosaken papan menika sansaya rame saben dintenipun menawi liburan lare-lare.
Papan wisata
“Surya Yudha Sport Center” menika mapan wonten ing Jalan Rejasa-Banjarnegara,
utawi ingkang wonten ing iring kidulipun Pusat Bank Surya Yudha Banjarnegara.
Regi mlebetipun wonten Water Park menika menawi dinten biasa namung Rp.
12.000,00 saben tiyang. Dene wulan lebaran kepengker menika reginipun karcis
ingkang biasanipun namung Rp.12.000,00 saben tiyang sakmenika lebaran dados Rp.30.000,00 saben
tiyang. Kepara malah H + 1 lebaran lan H + 2 lebaran kepengker menika regi
karcis mindhak dados Rp.50.000,00. Nanging awisipun regi tiket menika mboten
dadosaken sepi papan wisata menika, malah sansaya rame kaliya wisatawan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar