Banjarnegara Duwe Papan Wisata
“Surya Yudha Sport Center”
Papan Wisata ingkang mapan wonten
ing Banjarnegara “Surya Yudha Sport Center” ingkang mapan Jl. Raya Rejasa -
Banjarnegara utawi ingkang wonten ing
iring kidulipun Pusat Bank Surya Yudha sansaya narik wisatawan. Sanajan papan
wisata menika tasih enggal, nanging papan wisata menika sampun dipun kenal
dhateng masarakat sakitaripun.
Papan Wisata ingkang dipun
resmikaken 15 Mei 2010 menika wiwitipun
namung wonten Sport Center saha Hotel, nanging papan menika ngalami
ewah-ewahan. Inggih wonten tambahan wisata inggih wonten Water Park saha Karoke.
Hotel menika nggadhahi fasilitas Restaurant,
Fitness Center, Kamar, MICE. Menawi Sport
Center inggih wonten warni-warni papan kangge olahraga inggih Futsal,
Volley Indoor, Volley Ourdoor, Tennis, Tenis Meja, Badminton, Billyard, Golf.
Lajeng menawi Wark Parkipun wonten Water Boom, Kolam Tsunami, Kolam Arus,
Terapi Ikan, Arum Jeram, Outbound, Flying Fox, Amazing Land.
Sakmenika Surya Yudha Hotel
nggadhahi 94 kamar inggih menika 8 ruang
standar, 22 ruang superior, 45 ruang deluxe,
9 ruang executive, 5 ruag kaluwarga,
4 royal suite room, lan 1 president suite room. Hotel menika ugi
dipun jangkepi minangka papan kangge dhahar (resto saha kafe). Lajeng
kangge kabetahan bisnis, sosial saha akademik, Surya Yudha ugi nyediakaken
ruangan kangge miting kanthi kapasitas 25 dumugi 250 tiyang. Kangge kabetahan
ingkang sanes, udi dipun caosi wonten ingkang kapaistasipun 1000 tiyang inggih
wonten ing Goldenball Room.
Minangka
lebaran kepengker menika papan wisata surya Yudha Sport Center menika dados
salah satunggaling papan wisata ingkang dipun remeni masarakat sakitaripun,
mboten namung masarakat Banjarnegara nanging masarakat saking tlatlah sanes
inggih ugi sami wisata wonten papan menika. Kados salah satunggaling Mahasiswa
Universitas Negeri Yogyakarta inggih Ayu Kurniawati (19) ingkang aslinipun
saking Wonosobo, mratelakaken bilih dinten lebaran menika sakluwarga ugi wisata
wonten Surya Yudha Sport Center.
Waterboom
kanthi warni-warni ukuran sarta kainggilan minagka jeronipun inggih wiwit 10
cm, 20 cm, 40 cm, 80 cm, saha 150 cm, ember tumpah, area kangge dolanan lare,
saha wonten ugi kolam kangge mincing inggih kolam pancing air tawar. Regi
mlebetipun wonten Water Park menika menawi dinten biasa namung Rp. 15.000,00
saben tiyang. Dene wulan lebaran menika reginipun karcis ingkang biasanipun
anmung Rp.15.000,00 saben tiyang
sakmenika lebaran dados Rp.30.000,00 saben tiyang. Kepara malah Ayu
mratelakaken bilih H + 1 lebaran lan H + 2 lebaran menika regi karcis mindhak
dados Rp.50.000,00.
Sanajan
papan menika dipun mangertosi bilih papan wisata ingkang enggal, nanging Surya
Yudha Sport Center menika kalebet papan ingkang nggadhahi ewah-ewahan ingkang
sae, buktinipun ingking saking kathahipun wisatawan ingkang nikmati fasilitas
ingkang sampun dipunsediakaken, ingkang utama inggih wahana banyunipun. Papan
wisata banyu menika kaajab saged nambah remenipun wisata ing Banjarnegara saha
sakitaripun minangka salah satunggaling wisata banyu ingkang ngremenaken.
Lajeng ingkang saweg dibangun wonten Surya Yudha Sport Center sakmenika inggih
wisata haji kanthi fasilitasipun manasik Haji.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar